LIFE IS YEAH

Search This Blog

In Artikel Bahasa Jawa

Pidato Bahasa Jawa

Assalamualaikum wr. wb.
Sugeng enjing,
Bapak Kepala Sekolah kalihan para guru ingkang tansah kinurmatan.
Sedaya wali murid kelas IX inggih menika ingkang dhahat kinurmatan
Kanca-kanca kelas IX kaliyan adhik-adhik ingkang tansah pinayungan kanugrahane Gusti ingkang Maha Kuaos sarta tansah kula tresnani.

Saderengipun mangga kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur ngarsaning Gusti ingkang murbeng dumadi, amargi saking hidayahipun Gusti kita sedaya saged makempal dhateng mriki kanggge adicara pelepasan siswa kelas 9 SMPN 1 Bojonegoro.

Wonten kalodhangan menika, kawula wakil saking kanca-kanca kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak/Ibu Guru ingkang sampun mucal kula kalihan kanca-kanca sedaya ingkang dangunipun tigang warsa menika.

Inggih menika mboten kraos kula kalihan kanca-kanca sedaya sampun ngelampahi ngangsu kawruh dhumateng mriki dangunipun tigang warsa menika. Dhateng adicara menika, kula kalihan kanca-kanca sedaya nyuwun pangapunten sak kathah-kathahipun saking Bapak kalihan Ibu Guru amargi wonten tigang warsa kepengker menika kula kalihan kanca-kanca sedaya menawi gadhah kelepatan ingkang dipun sengojo ugi mboten disengojo. Mugi-mugi Bapak kalihan Ibu Guru kersa ngapuntenaken sedaya kelepatan kula kalihan kanca-kanca sedaya.

Bapak/Ibu Guru kalihan para rawuh sedaya, ing wekdal menika kula kalihan kanca-kanca nyuwun pamit kalihan nyuwun dungo pangestu. Kula kalihan kanca-kanca ugi awrat sanget nilaraken pawiyatan inggih menika amargi sedaya dhumateng pawiyatan dhateng mriki sampun kados sedherek kula. Ananging amargi kula kalihan kanca-kanca sedaya kedah ngelajengaken pawiyatan ingkang langkung inggil. Kula kalihan kanca-kanca sedaya saged ikhlas nilaraken pawiyatan inggih menika ingkang kula tresnani.

Kula kalihan kanca-kanca gadhah pesen kangge adhek-adhek sedaya ingkang kula tresnani, adhek kelas VII kalihan kelas VIII, supaya saged nglujengaken inggih menika perjuangan kita sedaya kagem SMPN 1 Bojonegoro supados inggih langkung sae. Kalihan adhik-adhik sedaya tetep dados siswa ingkang menggalih luhur.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kadosipun sampun cekap anggenipun kula matur. Menawi anggenipun kula matur kirang mrananging ati, kula nyuwun pangapunten agunging pangkasami.

Wassalamualaikum wr. wb.

Related Articles

0 comments:

Post a Comment

Powered by Blogger.